MAKALAH | PENDIDIKAN | AGAMA | APLIKASI HP | TIPS AND TRIK | CERITA | CONTOH | DOWNLOAD GRATIS

Makalah Bahasa Jawa



Makalah Bahasa Jawa 
Ndongeng Minongko kang wilangan Budi Pekerti 
MOTTO
  1. Aja dumeh.
  2. Eling lan Waspada.
  3. Dadia kaya uwit ing pinggir dalan, nadyan dibalang watu ananging malah aweh uwoh.
  4. Dijiwit dadi kulit, dicetot dadi otot.
  5. Bekti dumateng Allah, tiyang sepuh, guru, lan sederek.
TULISAN PUNIKA KAGEM
  1. Sedaya tiyang ingkang mbetahaken piwulang Budi Pekerti.
  2. Utaminipun sedaya tiyang enem (pemuda/i Indonesia) kagem kemajuan moral lan Budi Pekerti.
ATUR SAPALA
Ingkang sepisan kula ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kula saged ngrampungakentulisan punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken tulisan punika.
Wonten makalah punika kula nyariosaken babagan Tirta Purwitasari, ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan urip lan budi pekerti.
Wonten ing jaman sapunika, mboten ekonomi kemawon ingkang ngalami krisis, ananging moral lan budi pekerti ugi krisis. Korupsi wonten pundi-pundi, kriminal, lan sapanunggalanipun.
Awit saking punika kula milih cariyos Tirta Purwitasari. Wonten mriku dipuncariyosaken pripun sejatosipun manungsa lan nepsunipun, ugi babagan sipat kesetriya ingkang kedah dipun gadhahi kula panjenengan sedaya.
Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun.
Penulis,

DAFTAR ISI
Judul
1
Pengesahan
2
Motto
3
Tulisan Punika Kagem
3
Atur Sapala
4
Daftar Isi
5
Bab I Pambuka
  1. Latar Belakang
  2. Ancas
6
6
7
Bab II Isi
  1. Andhe-andhe Lumut
Analisa
  1. Merak lan Kancil
Analisa
8
8
10
14
16
Bab III Panutup
Pepuntaning Rembak
Daftar Kapustakan
18
18
19
BAB I
PAMBUKA
  1. LATAR BELAKANG
Dipuntingali saking psikologis tiyang enem ugi tiyang sepuh remen kaliyan cariyos utawi dongeng. prakawis punika saget dipunbuktekaken nalika seminar, pengajian lan wonten kelas, sedaya tiyang langkung midangetaken.benten menawi njlentrehaken babagan ngelmu alam, mesthi kathah tiyang ingkang ngendika piyambak-piyambak lan dados rame.
Tiyang sepuh mawon remen kaliyan dongeng punapa malih lare alit. ngagem dongeng, kulo panjenengan sedaya saget mucal lan njumbuhaken budi pekerti. ingkang dados prihatin cacahipun tiyang sepuh ingkang nyariosaken dongeng kagem putra putrinipun naming sekedhik. Kamangka budi pekerti kedhah dipun tandur awit saking alit, penelitian mbuktekaken menawi yuswo sangandhapipun 5th, lare bakal niru lan ngemut-emut menapa kemawon ingkang lare punika mireng lan pirsani.
Wonten ing tembang kinanti dipuncariosaken
Kang aran berbuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kepinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kesucigihan
Nanging mung sucining ati
Lan wonten sesanti ingkang uninipun
Manungsa punika kadosta wayang, manut dumatheng dhalang ingkang nglampahaken.
Sae, ala, mulia, lan angkara dados rasukanipun gesang ingkang kedhah dipunadhepi.
Ananging kamulyan lan keluhuran budi sejati bakal ngawonaken angkara, iri, lan dengki.
Menungsa ingkang adiluhung punika, santun ing pitutur, solah bawa, lan ikhlas makarya.
Tiyang ingkang paling bungah inggih punika tiyang ingkang eling lan waspada
Saking tembang lan sesanti punika, saget disimpuleken menawi budi pekerti punika kautamaning gesang. budi pekerti kedhah dipun tandur awit saking alit, supados benjang dados tiyang ingkang wasis, lan nggadhahi budi pekerti ingkang sae.
Ananging wonten jaman sakmenika indonesia sampun krisis budhi pekerti. Amargi punika penulis gadhah kekarepan supados pelajaran budhi pekerti wonten ing basa jawi saget dipundadosaken piwulangan ingkang kautaman kagem ndhidhik budi pekerti.
Lewat tulisan punika penulis nyobi njlentrehaken piwulangan budhi pekerti wonten ing dongeng.
  1. ANCAS :
  1. Makalah punika dipundamel kagem njangkepi tugas akhir basa jawi semester 2 kelas XII.
  2. Saget dadosaken piwulangan budi pekerti kagem kulo lan panjenengan.
BAB II
ISI
  1. ANDHE-ANDHE LUMUT
Wonten ing Kraton Jenggala Manik, Prabu Lembu Amiluhur rumaos sumelang amargi putrinipun Galuh Candra Kirana kaliyan putra mantunipun Panji Asmara Bangun mbonten dipun mangertosi wonten pundi, tiyang kalih punika tindak ninggalaken Kraton Jenggala Manik mboten pamit, pramila ndamel sumelangipun Prabu Lembu Amiluhur.
Prakawis punika minangka wadinipun nagari ingkang mboten paring keprungu dening negari sanes. Amargi menawi keprungu, Parbu Lembu Amiluhur rumaos lingsem kawirangan. Lajeng sang prabu pesen dumateng Patih Kudonowarsa kaliyan prajuritipun Puthut Jenggolono supados mendhem jero babagan prakawis punika. Ampun ngantos negari sanes mireng.
Setunggaling dinten wonten ing Jenggala Manik, rawuh tamu saking negari Jomparan inggih punika Prabu Krana Jatisura utusanipun Prabu Krana Sura Wibawa. Rawuhipun Prabu Krana Jatisura punika kagem nglamar putrinipun Prabu Lembu Amiluhur inggih punika Galuh Candra Kirana. Menawi lamaripun dipuntampik Kraton Jenggala Manik bakal dipun obrak-abrik.
Mireng aturipun Prabu Krana Jatisura ingkang murang tata punika, Puthut Jenggolono duka, lan prang tandhing antaranipun Puthut kaliyan Prabu Krana Jati mboten saged dipunselakaken malih. Mangertos kahanan punika Prabu Lembu Amiluhur enggal misah lan mutusi perang punika.
Kanthi swanten ingkang manteb lan awibawa Prabu Lembu Amiluhur ngendika menawi Galuh Candra Kirana punika tindak ninggalaken Kraton Jenggolo lan mboten dipun mangertosi wonten pundi piyambakipun. Lajeng Prabu Lembu Amiluhur ngawontenake patembayan sinten kemawon ingkang seged nemokaken Galuh Candra Kirana, menawi estri dipundadosaken sederek sinarawedhi menawi kakung dipundadosaken garwanipun.
Lajeng Prabu Krana Jati enggal-enggal kondur dhateng negarinipun inggih punika negari Jomparan. Prabu Krana Jati sowan wonten ngarsanipun Prabu Krana Sura Wibawa, panjenenganipun ngendika babagan patembayan Prabu Lembu Amiluhur.
Saking bungahipun lejeng Prabu Krana Sura ngutus Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju Kraton Jenggala, kanthi ancas ampun ngantos wonten tiyang sanes ingkang mlebet Kraton Jenggala lan ndherek patembayan kala wau.
Cekakipun cariyos, Kleting Kuning ngenger dumateng Mbok Randa Dhadhapan wonten mriku gesangipun Kleting Kuning rekaos sanget. Piyambakipun dipun pulasara dening Kleting Abang, Kleting Wungu, Kleting Biru, lan Mbok Randa Dhadhapan.
Setunggaling dinten Kleting Kuning dipundhawuhi ngisahi dandang ingkang cemeng sanget ngantos pulih kados enggal lan ngebaki kranjang ngagem godhong-godhongan.
Sanajan mokal Kleting Kuning tetep ngayahi punapa ingkang dados panyuwunanipun embokipun minangka bukti baktinipun. Saking awratipun Kleting Kuning nangis sesenggukan ngantos ngucap supata. Sinten kemawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun menawi estri dipun dadosaken sedulur sinarawedhi, menawi kakung dipun dadosaken garwanipun.
Supatanipun Kleting Kuning dipunpirengaken Bango Thongthong ingkang ageng sanget. Bango Thongthong punika saguh ngebaki lan ngenggalaken dandangipun. Sasampunipun numindakaken gawean kala wau, Bango Thongthong nagih janjinipun Kleting Kuning. Ananging Kleting Kuning mboten purun dados garwanipun kewan. Kleting Kuning gadhah akal. Piyambakipun gadhah panyuwun kagem nguji katresnanipun Bango Thongthong. Bango Thongthong nyuguhi. Kleting Kuning badhe ngetok pupu lan swiwinipun. Bango Thongthong taksih gesang. Lajeng dipun tugel gulunipun. Bango Thongthong lajeng brebah dados Bathara Narada.
Kleting Kuning lajeng dipunparingi pusaka sada lanang lan dipunparingi ngertos menawi ing Desa Pasirepan wonten Jaka Tiban asmanipun Raden Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun saking lepen, Kleting Kuning wicanten menawi piyambakipun badhe ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut. Ananging Mbok Randha mboten ngidini. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun sampun bidhal kagem ngunggah-unggahi. Amargi Kleting Kuning meksa, Mbok Randha lajeng ngidini kanthi sarat Kleting Kuning dipunpacaki awon lan gandanipun bacin. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun dipaesi ayu lan wangi.
Sampun sautawis mlampah, Kleting Abang sasederekipun diadhang ditya yuyu kangkang. Yuyu kangkang purun nyabarangaken Kleting Abang sasederekipun menawi dipunopahi. Kleting Abang saguh ngopahi lan yuyu kangkang purun nyabrangaken.
Ananging nalika giliranipun Kleting Kuning, yuyu kangkang mboten purun nyabrangaken, lajeng Kleting Kuning nyabetaken pusaka sada lanang. Yuyu kangkang nyuwun pangapunten lan Kleting Kuning nyabrang.
Wonten ing Desa Pasirapan, Kleting Abang dipun tampik dening Andhe-andhe Lumut, amargi sampun nate dipungendhong kaliyan yuyu kangkang. Benten malih kaliyan Kleting Kuning. Kleting Kuning dipun tampi dening Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun mandhap Andhe-andhe Lumut lan Kleting Kuning sami-sami kaget. Amargi satemenipun Raden Andhe-andhe Lumut punika Panji Asmara Bangun lan Kleting Kuning punika Galuh Candra Kirana.
Pungkasanipun Panji Asamara Bangun lan Galuh Candra Kirana wangsul dhateng Kraton Jenggala.
ANALISA
Andhe-andhe lumut punika sarat piwulang kagem tiyang enem utaminipun lan tiyang sepuh ugi lare alit.
Cariyos punika dipunwiwiti nalika Galuh Candra Kirana lan garwanipun medl saking keraton Jenggala Manik lan mboten dipunsumurupi panggenanipun. Amargi punika Prabu Lembu Amiluhur dhawuh kaliyan abdinipun supados mendhem jero prakawis punika. Patih Kudonowarsa lan prajuritipun Puthut Jenggolono ngleksanaaken sabda kala wau kanthi sae. Tumindak Patih Kudowarsa lan parjuritipun kala wau pantes dipuntuladhani menawi kula panjenengan sedaya kedah mikul dhuwur lan mendhem jero prakawis-prakawis ingkang ndamel lingsemipun keluarga, masyarakat, utawi organisasi. Ananging mboten lajeng nutup-nutupi prakawis korupsi, punika sampun beten prakawis.
Satunggaling dinten wonten tamu ingkang murang tata asmanipun Prabu Krana Jati. Ancasipun Prabu Krana Jati punika kagem mboyong Galuh Chandra Kirana. Tumindakipun ingkang murang tata punika ndamel dukanipun Puthut Jenggalana. Prabu Krana Jati punika naming tamu ananging wantun nantang Prabu Lembu Amiluhur. Sejatosipun tamu punika kedah sopan lan kurmat dumateng ingkang kagungan dalem.
Cekaking cariyos Kleting Kuning ingkang dipundhawuhi mbok Randha ngenggalaken dandang lan ngebaki kagem godhong. Amargi sampun mboten kiat Kleting Kuning ngucap supata sinten kemawon ingkang saged mbiyantu piyambakipun badhe dipun dadosaken sedulur/garwa. Mboten dangu wonten bango thonthong ingkang saged mbiyantu Kleting Kuning. Nalika bango thonthong nagih janji, Kleting Kuning mboten purun dados garwanipun kewan lan pados akal supados saged uwal saking bango thonthong. Lajeng bango thonthong njalma dados dewa ingkang maringi gaman sada kagem Kleting Kuning. Tumindakipun Kleting Kuning punika mboten sae. Piyambakipun sampun janji lan bango thonthong sampun nulungi. Ananging amargi bango thonthong punika kewan, Kleting Kuning pados alesan supados uwal saking supatanipun piyambak lan bango thonthong.
Mireng wonten Jaka Tiban, Kleting Kuning, Biru, lan Abang pengin ngunggah-unggahi ananging mbok Randha ngidinaken Kleting Kuning, menawi Kleting Kuning badhe ngunggah-unggahi piyambakipun kedah dipun leleti telek. Kleting Kuning saguh wonten ing tengah margi. Kleting-kleting kala wau dipun cegat yuyu kangkang, yuyu kangkang purun nyabrangaken kanthi sarat dipunopahi. Kleting Abang sak sederekipun saguh ananging yuyu kangkang mboten purun nyebrangaken Kleting Kuning, amargi Kleting Kuning elek. Ngagem sada lanang yuyu kangkang dipun pecut lan purun nyabrangaken Kleting Kuning tanpa sarat.
Wonten ing ngarasanipun Jaka Tiban kala wau (Andhe-andhe Lumut), Kleting Abang sak sederekipun dipun tampik amargi sampun nate dipun gendong yuyu kangkang. Ananging Kleting Kuning dipun tampi amargi taksih suci. Punika nyariosaken menawi kasucining dhiri punika penting saged kagem para wanita. Pramila dados wanita punika kedah njagi kasucining dhiri kagem garwanipun.
PIWULANG
Maos cerita wonten nginggil kathah piwulang ingkangsaged dipunpendhet.
  1. Abdi dalem punika kedah saged mikul dhuwur lan mendhem jero lan setya dhateng rajanipun. Prakawis punika saged dipunpersani wonten ing lakon Patih Kudowarsa lan Puthut Jenggolono. Langkung-langkung Puthut Jenggolono nalika mireng aturipun Prabu Krana Jati ingkang murang tata. Puthut Jenggolono duka lan perang tandhing mebla reja lan negarinipun.
Wonten ing kasunyatan ing jaman sapunika sekedhik pegawe ingkang setya dhateng pimpinanipun. Tuladhanipun: usum pemilu punika kathah kader PDI ingkang pindhah partai utawi malah ndamel partai piyambak. Punika mbuktekaken menawi kasetyan punika angel dipunwujudaken naming tiyang tartamtu ingkang saged njagi kasetyanipun.
  1. Sipat Prabu Krana Jati sura ingkang murang tata minangka piyambakipun punika tamu. Sipat punika ndamel dukanipun Puthut Jenggolono. Amargi punika, nalika mertamu kala panjenengan sedaya kedah njagi tata krama, supados mboten ndamel dukanipun tiyang ingkang dipun sowani.
  2. Prabu Krana Sura wibawa. Ingkang ndhawuhi Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju kraton jenggala kanthi ancas mboten wonten tiyang ingkang mangertos patembayan kala wau. Saengga Prabu Sura mboten wonten sainganipun.
Punika mboten pantes dipuntuladhani amargi warta punika hakipun tiyang kathah.
  1. Ampun gampil medalaken supata. Saged-saged supata punika ndamel cilakanipun piyambak. Kados supatanipun Kleting Kuning ingkang badhe ndadosaken sedulur sinarawedi/sisihanipun sinten kenawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun. Lajeng wonten bango thongthong ingkang saged mbiyantu, ananging Kleting Kuning malah mboten purun dados sisihanipun lan pados akal supados saged uwal saking kewan kala wau.
  1. Dados tiyang estri punika kedah saged njagi kasucining dhiri kagem garwanipun. Wonten nginggil dipun cariyosaken menawi Andhe-andhe Lumut nampik Kleting Abang saderekipun amargi sampun dipun gendhong yuyu kangkang.
  2. Menawi sampun jodho alangan punapa kemawon saged dipun adhepi.
  1. MERAK LAN KANCIL
Merak punika remen macak. Awit saking punika merak tansah nengsemaken. Wulunipun katon edi, ndamel resep ingkang sami mirsani. Awit saking punika tangga-tepalihipun sami sowan omahipun Merak kagem sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” aturipun Kancil dhateng Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulanipun Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” wangsulanipun merak tanpa linandhesan raos umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakonipun Kancil.
Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulanipun Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
ananging Kancil sajak kemeren mirsani kaendahan wulunipun Merak.“Piguna apa?” Sasampunipun megeng napas sawetawis lajeng nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!” “Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” aturipun Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan kathah-kathah Merak anggenipun ngandhani, ananging mboten saged mbendung pepenginanipun Kancil nggadahi wulu kados wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” aturipun Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun kaliyan kekarepanipun Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakonipun Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakonipun Kancil mboten sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bingah. “Ndang dipasang!” panyuwunipun kesesa.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.” “Terus kapan?” “Udakara rong mingguan.” “Tak tunggu, Rak”. Wangsulanipun Kancil lajeng nerasaken lampahipun. Merak naming mirsani kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke”. Ngantos dinten ingkang sampun dipunjanjekaken, enjing-enjing Kancil sampun dugi omahipun Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!” “Beres!” Wangsulanipun Merak sinambi nata wulu-wulu ingkang sampun dipunkempalaken, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!” “Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” Aturipun Kancil sinambi lenggah dhingklik sacelakipun Merak. Merak lajeng ngoser-oseri sedaya kulitipun Kancil ngagem tlutuh karet.
Bareng kawawas mboten wonten ingkang kantun keri, baka setunggal Merak nemplekaken wulu-wulu kados kebetahanipun. Wulu gulu ditemplekaken ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut ugi dipunpasang ing buntutipun Kancil. Sedinten natas, sedaya wulu sampun kapasang. ”Rampung, Cil,” criyos Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!” Kancil lajeng ngilo. “Iki sing dakkarepake!Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!” “Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu”, merak ngemutaken.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.” “Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil lajeng pamitan.
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!” “Sing ati-ati, Cil,” pituturipun Merak kaliyan nguntapaken Kancil medal saking omahipun, Kancil mlampah lon-lonan. Bocongipun digidal-gidulaken, ancasipun supados saget mameraken wulunipu ingkang sae tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem sinambi aruh-aruh sombong. Dene ingkang dipunaruhi ugi gentos mesem, ananging esemipun esem geli. Geli amargi mangertos kahanan ingkang mboten lumrah. Ananging tumrap Kancil esem kala wau dipun tampi benten, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” aturipun jroning ati. Ananging sengsem, edi, lan endah wau mboten dangu. Lajeng tlutuh karet wau garing, kulitipun Kancil dados kaku nyekengkeng. Saengga sikil, gulu, lan buntutipun angel diobah-obahake. Kancil naming saged njegreg ngececer, mboten saged mlampah.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengokipun Kancil sasaged-sagedipun. “Ana apa, Cil?” pitakonipun Merak mireng pambengokipun Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!” “Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?” “Gelem, Rak!” Kancil nglenggana marang punapa ingkang sampun dipuntumindakaken. Piyambakipun emut menawi sedaya paringanipun Gusti mono kedah tansah dipunsyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan saged ngganggu utawi mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu ingkang kebacut kraket wonten badanipun Kancil. Senajan ngraosaken perih amargi sebagian kulitipun wonten ingkang katut thethel, Kancil naming mringis-mringis kaliyan ngempet sakit, mboten sambat. Ndhadha tumindakipun ingkang salah amargi naming nuruti karepipun piyambak, tanpa metung tuna lan bathinipun.
ANALISA
  1. Syukur kaliyan paringanipun Gusti.
  2. Migunakaken paringanipun kala wau kanthi sae.
  3. Njagi punapa kemawon ingkang sampun dipun paringaken Gusti.
  4. Ampun naming nuruti karepipun dhiri tanpa metang tuna lan bathinipun.
Piwulang wonten ing inggil punika leres banget. Kula panjenengan sedaya kedah matur nuwun kaliyan paringanipun Gusti. Gusti allah punika Maha Mangertos kaliyan ciptaanipun. Syukur punika pancen angel, buktinipun kathah tiyang ingkang mboten saged syukur kaliyan perangan awak ingkang sampun dipunparingkaen Gusti. Rambut kriting dipunlurusaken, irung pesek dipunsuntik silikon supados mancung, kulit ireng dipunputihaken ngagem obat, lsp. Tiyang kados kala wau, mboten metungaken tuna lan bathinipun. Kamangka tunanipun punika langkung kathah lan langkung mbebayani. Obat kagem pelurusan punika saged ndamel rambut rusak, silikon punika menawi ngempal wonten ing awak mbebayani, lsp.
Amargi punika mangga kula panjenengan sedaya syukut kaliyan paringanipun Gusti Allah. Ayu punika mboten kemawon saking rupa, ananging ati ingkang ayu punika langkung dipunremeni tiyang kathah.
Kancil lan merak punika nggambaraken tiyang kalih ingkang gadhah sipat benten sanget. Merak ingkang narima lan saged syukur lan njagi paringanipun Gusti. Menawi kancil punika tiyang ingkang mboten gadhah “kepercayaan diri utawi pede”. Mirsani kaendahanipun wulu merak, kancil kepengin kados merak. Lajeng kancil nyuwun supados ditpuntempleki wulu kados wulunipun merak. Kancil ngaros menawi wulu coklatipun mboten migunani lan awon. Kancil dereng saged syukur dumateng Gusti.
Merak nuruti mawon punapa pepenginanipun kancil. Lajeng awakipun kancil dipuntempleki wulu merak ngagem tlutuh karet. Sasampunipun dipuntempleki, kancil ngilo sejak bingah. Ngraos sampun ayu kancil mameraken wulu anyaripun kala wau kalih sedaya sato ingkang liwat.
Mboten dangu, tlutuh karet kala wau garing, akibatipun kulitipun kancil dados ngececer. Kancil nyuwun tulung, dening merak wulu kala wau dipuncopoti. Kancil naming saged nglenggara lan ngempet lara amargi kulitipun katut sekedhik-sekedhik.
Milik katon melok”. Paribasan kala wau pancen trep kalih kahananipun kancil ingkang kepingin gadhah wulu kados merak tanpa mitung tuna lan bathinipun. Kancil mboten mikiraken akibat ing wingkingipun. Kancil naming mikir menawi kancil gadhah wulu kados merak, mesthi sedaya sato gumun lan muji. Ananging kancil mboten mikir wulu kala wau kedah dipuncopot amargi tlutuh karet sampun garing lan ngecenceng.
Sejatosipun punapa paringanipun Allah punika sampun trep lan nggadahi guna piyambak-piyambak. Dados syukuri, ginakaken, lan jagi unpa kemawon ingkang sampun dipunparingaken Gusti. Gesang bakal langkung nyenengaken lan migunani.
BAB III
PENUTUP
Pepuntaning Rembak
Saking cariyos kala wau saget dipunpendhet piwulang :
  1. budi pekerti punika migunani sanget kagem gesang wonten alam donya. Kados wonten ing sekar kinanthi:
Kang aran berbuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kepinteran
Lan dudu para winasis
Apa maneh kesucigihan
Nanging mung sucining ati
Leres menawi sapunika basa jawi dipunlebetaken wonten ing kurikulum, amargi piwulangan basa jawi punika kathah ajaran budi pekertinipun. Utamanipun wonten ing wayang.
  1. kula panjenengan sedaya kedah njagi kasucining athi lan dhiri.
  2. syukur dumatheng punapa kemawon paringanipun Gusti lan ngrawat lan migunakaken kanthi sae.
Daftar Kapustakan
Irawan, dkk. 2005. Kulina Basa Jawa. Klaten: Intan Pariwara.
Notopertomo, Margono. 2004. Pakartitama. Klaten: Sahabat.
www.jayabaya.wordpress.com

Silahkan dibagikan keteman Via


Artikel Terkait :

0 Kommentare on Makalah Bahasa Jawa :

Silahkan berkomentar yang baik dan Jangan Spam !

Google+ Followers


Google+